Prau panumpes Jepang Uranami (1928)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Prau Uranami (浦波, Prau Uranami? Ombak pasisir)[1] iku prau panumpes klas Fubuki kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Kamaharajan Jepang. Prauné minangka prau angka loro kang kaaran mitrut jenengé "Uranami".
Uranami kapernahaké rikala 28 April 1927 déning Uraga Dock Company; banjur kababar rikala 29 Novèmber 1928. Prau iki kinepyakaké rikala 30 Juni 1929 ing pamangkuné Lètnan Kolonèl Aritomo Gotou.[2] Prau iki kèrem rikala 26 Oktober 1944 cedhak Masbate (11°50′N 123°00′E).[3]