Prau panumpes Jepang Tanikaze (1940)
prau / From Wikipedia, the free encyclopedia
Prau Tanikaze (谷風, Prau Tanikaze? Angin lembah) iku prau panumpes klas Kagerō kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Kamaharajan Jepang. Prauné minangka prau angka patbelas ing klas Kagerō. Prauné minangka prau angka loro kang kaaran mitrut jenengé "Tanikaze".
Tanikaze kapernahaké rikala 18 Oktober 1939 déning Fujinagata Shipyards; banjur kababar rikala 1 Novèmber 1940. Prau iki kinepyakaké rikala 25 April 1941 ing pamangkuné Lètnan Kolonèl Kiichi Shintani[1]. Prau iki kèrem rikala 9 Juni 1944 déning USS Harder cedhak Legaspi (13°0′N 124°54′E).[2]