Prau panumpes Jepang Ayanami (1929)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Prau Ayanami (綾波, Prau Ayanami? Ombak kain kepar)[1] iku prau panumpes klas Fubuki kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Kamaharajan Jepang. Prauné minangka prau angka siji ing subklas Ayanami. Prauné minangka prau angka loro kang kaaran mitrut jenengé "Ayanami".
Ayanami kapernahaké rikala 20 Januari 1928 déning Fujinagata Shipyards; banjur kababar rikala 5 Oktober 1929. Prau iki kinepyakaké rikala 30 April 1930 ing pamangkuné Lètnan Kolonèl Tetsugoro Goto.[2] Prau iki kèrem rikala 15 Novèmber 1942 déning USS Washington ing Ironbottom Sound (9°10′S 159°52′E).[3]