Prau dlajah Jepang Maya
prau jlajah abot Jepang / From Wikipedia, the free encyclopedia
Prau Maya (摩耶, Prau Maya?) iku prau dlajah abot klas Takao kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Kamaharajan Jepang.[1] Aran prau iki saka jenengé Gunung Maya ing Préfèktur Hyōgo, Jepang.
Maya kapernahaké rikala 4 Dhésèmber 1928 ing Kobe déning Kawasaki Shipbuilding Corporation; banjur kababar rikala 8 Novèmber 1930. Prau iki kinepyakaké rikala 20 Juni 1932 ing pamangkuné kolonèl Jo Morimoto[2]. Prau iki kèrem rikala 23 Oktober 1944 cedhak Palawan (09°27′N 117°23′E).[3]