Prau dlajah Jepang Agano
From Wikipedia, the free encyclopedia
Prau Agano (阿賀野, Prau Agano?) iku prau dlajah ènthèng klas Agano[1] kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Kamaharajan Jepang. Aran prau iki saka jenengé Kali Agano ing Préfèktur Fukushima lan Préfèktur Niigata, Jepang.
Agano kapernahaké rikala 18 Juni 1940 ing Sasebo, Nagasaki déning Astragara Wadya Sagara Sasebo; banjur kababar rikala 22 Oktober 1941.[2] Prau iki kinepyakaké rikala 31 Oktober 1942[2] ing pamangkuné kolonèl Ko Nakagawa[3]. Prau iki kèrem rikala 15 Fèbruari 1944 cedhak Chuuk (10°11′N 151°42′E).