![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/90/Piscis_Austrinus_constellation_map.png/640px-Piscis_Austrinus_constellation_map.png&w=640&q=50)
Piscis Austrinus
From Wikipedia, the free encyclopedia
Piscis Austrinus (ugi dipunmangertosi kanthi sebatan Piscis Australis) inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih kidul. Punika inggih nama Latin saking "iwak ing sisih kidul]]", ingkang minangka kosok wangsulanipun saking konstélasi ingkang langkung ageng inggih punika konstelasi Pisces, ingkang nggambaraken sak pasang iwak. Mlebet wonten ing abad kaping 20, rasi lintang punika ugi misuwur kanthi sebatan Piscis Notius. Punika inggih lintang ingkang padhangipun langkung saking 4 magnitudo, mliginipun inggih punika lintang Fomahault ingkang minangka lintang sepisanan ingkang ageng lan minangka lintang ingkang padhang piyambak kaping 18 ing langit dalu. Piscis Austrinus inggih punika salah satunggal saking 48 konstelasi ingkang dipundhaptar déning astronom Ptolemy ing abad kaping kalih, lan punika ugi kalebet wonten ing 88 rasi lintang modern. Lintang - lintang wonten ing konstelasi modern, inggih punika konstelasi Grus, inggih dipunbentuk saking pérangan konstelasi Piscis Austrinus. Ing taun 1597 utawi 1598, Petrus Plancius misah konstelasi punika lan paring nama lintang mau sasampunipun dipundherek. Ing mitos Yunani, rasi lintang punika dipunmangertosi minangka satunggaling iwak ingkang ageng lan punika dipungambaraken minangka satunggaling iwak ingkang nembé ngombé toya ingkang dipunparingi déning rasi lintang Aquarius, satunggaling konstelasi ingkang mbeto toya. Kalih iwak saking rasi Pisces dipunsebat minangka turunan saking owak ageng. Wonten ing mitos Mesir, iwak punika ingkang nylametaken pagesanganipun dewi Mesir, Isis, dados piyambakipun mapanaken iwak punika lan turunanipun wonten ing langit minangka rasi lintang.[1]
PISCIS AUSTRINUS | |
---|---|
![]() | |
Cekakan | PsA |
Genitif | Piscis Austrini |
Asensio rekta | 22 |
Deklinasi | −30 |
Area | 245 derajad pesagi (#60th) |
Lintang utama | 7 |
Lintang Bayer/Flamsteed | 21 |
Lintang mawa planèt | 3 |
Lintang padhang | 1 |
Lintang cedhak | 3 |
Lintang paling padhang | Fomalhaut (α PsA) (1.16m) |
Lintang paling cedhak | Lacaille 9352 ( tc) |
Obyèk Messier | 0 |
Udan météor | ? |
Rasi lintang sing wewatesan | Capricornus Microscopium Grus Sculptor Aquarius |
Katon antara lintang +55° lan −90°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi October. ' | |