Pinisi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pinisi ya iku kapal layar tradhisional khas saka Indonésia, kang asalé saka Suku Bugis lan Suku Makassar ing Sulawesi Kidul.[1] Kapal iki lumrahé duwé cagak utama loro lan duwé layar pitu, ya iku telu ing pucuk ngarep, loro ing ngarep, loro ing buri; lumrahé dienggo kanggo ngangkud barang antar pulo.[1] Pinisi ya iku kapal layar kang nganggo jinis layar sekunar kang diwènèhi pitung lembar layar kang duwé arti yèn to nenek moyang bangsa Indonésia bisa ngliwati pitung samodra gedhé ing donya.[1]