![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/c1/IndonesianPartyFlags.jpg/640px-IndonesianPartyFlags.jpg&w=640&q=50)
Pilihan umum ing Indonésia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pilihan umum (pemilu) ing Indonésia wiwitané ditujokaké kanggo milih anggota lembaga perwakilan, yaiku DPR, DPRD Provinsi, lan DPRD Kabupatèn/Kutha. Sawisé amandemen kapapat UUD 1945 ing taun 2002, pamilihan présidhèn lan wakil présidhèn (pilpres), sing mauné diayahi déning MPR, disepakati diayahi langsung déning rakyat saéngga pilpres dilebokaké sajeroning rezim pemilu. Pilpres minangka péranganing pemilu dianakaké sepisanan ing Pemilu 2004. Ing Pemilu taun 2007, miturut Undang-Undang Nomor 22 Taun 2007, pamilihan kepala laladan lan wakil kepala laladan (pilkada) uga dilebokaké minangka péranganing rezim pemilu. Ing tengah masarakat, istilah "pemilu" luwih kerep tegesé pemilu lègislatif lan pemilu présidhèn lan wakil présidhèn sing dianakaké saben 5 taun sapisan.
|
Sub-rangkaian Pulitik |
---|
|