Présidhèn Républik Indonésia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Présidhèn Indonésia (jeneng saka kalungguhan resmi: Présidhèn Républik Indonésia) kepala negara minangka pradananing pamaréntah Indonésia. Minangka kepala negara, Présidhèn dadi simbul resmi ing negara Indonésia. Minangka kepala papréntahan, Présidhèn dibantu déning wakil présidhèn lan mantri ing kabinèt, ngemu daya èksekutif kanggo nindakaké pakaryan saka pamaréntah ing padinané. Présidhèn (lan Wakil Présidhèn) mengku jawatan suwéné 5 taun saben sak périodhe, lan sawisé iku bisa kapilih manèh ing kalungguhan kang padha kanggo sak périodhe manèh.