Petha
From Wikipedia, the free encyclopedia
Péta yaiku gambaran lumahing bumi ing babagan dhatar kanthi skala tartemtu lumantar siji sistem proyèksi. Péta bisa disuguhaké sajeroning pirang-pirang cara kang béda, wiwit saka péta konvènsional kang kacithak nganti péta digital kang tampil ing layar komputer. Istilah péta asalé saka basa Yunani mappa kang ateges taplak utawa kain panutup méja. Nanging kanthi umum pangerten peta yaiku lembaran sekabèhing utawa sapérangan lumahing bumi ing babagan dhatar kang dicilikaké kanthi nggunakaké skala tartemtu. Sawijining peta yaiku represèntasi 2 dhimènsi saka siji ruwang 3 dhimènsi. Èlmu kang nyinanoni panggawéyan peta diarani kartografi. Akèh péta duwé skala, kang nemtokake sepira gedhéné objèk ing péta sajeroning kaanan kang sabeneré. Kumpulan saka sapérangan péta diarani atlas.