![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/6/61/Sindh%25C3%25A9n.jpg/640px-Sindh%25C3%25A9n.jpg&w=640&q=50)
Pesindhèn
wong kang nyindhèni gamelan / From Wikipedia, the free encyclopedia
Sindhèn yaiku wong kang nembang mbarengi swaranè gamelan. Sindhèn iku nama kanggo wanita kang bisa nembang. Sindhèn uga kawastanan pasindhèn, waranggana, utawa swarawati. Manut saking Ki Mujoko Joko raharjo tembung sindhèn iku saking tembung "pasindhian" kang ngemu teges sing sugih tembang utawa sing nembangaké. Sindhèn uga mau waranggana "wara" ateges wanita, lan "anggana" tegesé dhèwèkan. Ana ing jaman kapungkur, mung waranggana punika wanita sing ana ing papan pagelaran wayang utawi pentas klenengan. Sindhèn pancen wanita kang nembang padha karo iringan gendhing kang padhatan ana ing acara klenengan lan pergelaran wayang.
![]() |
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/6/61/Sindh%C3%A9n.jpg/640px-Sindh%C3%A9n.jpg)
Lumrahé pagelaran kasenian Jawa kaya déné wayang, lengger lan liyané ngango iringan pesindhèn.