Lènggèr
tari adat saka Banyumas / From Wikipedia, the free encyclopedia
Lènggèr iku sejatiné sakpadhuluran karo Tayub lan Gandrung, nanging kesenian iki misuwur angganda arum ing tlatah Banyumas. Jogedan iki racaké ditanggap ing acara kaya ta mantenan, pitulasan lan rejan liyané. Nanging bedané karo seni sajinis, lènggèr iki kairing mawi Calung Banyumasan sing digawé saka pring. Lènggèr, ya iku jinis jogèd tradhisional kang tumuwuh subur ing tlatah budaya Banyumasan. Lènggèr dipentasake ana ing ndhuwur panggung wektu wengi utawa awan, lan diiringi piranti calung. kesenian lengger awujud jogèd rakyat kang dienggo sabubaré salah sawijiné désa panen pari. Kesenian tradhisional lengger merupakan jogèd rakyat yang kanthi turun-temurun dipakai setelah masarakat suatu pedésaan melaksanakan panen pari.