Perpustakaan Digital Donya
From Wikipedia, the free encyclopedia
Perpustakaan Digital Donya utawa World Digital Library (WDL) iku pabukon digital antarnegara sing diklola déning UNESCO lan Library of Congress (Perpustakaan Konggrès) duwèké Amérikah Sarékat. Perpustakaan iki diresmèkaké tanggal 21 April 2009 lan diangkah minangka sumber rujukan dhokumèn primèr dokumèn wigati donya sing bisa diaksès kanthi gratis.
Sunyata Rikat Jinising situs, Ana ing basa ...
Jinising situs | Pendidikan internasional |
---|---|
Ana ing basa | Multi-basa |
Kang duwé | Amérikah Sarékat |
Digawé déning | Library of Congress |
Situs jaringan | www.wdl.org |
Dagang | Ora |
Kababar | 21 April 2009 (2009-04-21) |
Setatus saiki | Daring |
Tutup
Misi pabukon iki kanggo ngembangaké pamahaman antarbangsa lan budaya, njembaraké kandhutan variasi lan isi ing internet, nyadiakaké bahan dhasar pengajaran kanggo pengajar, sarjana, lan peminat umum, sarta kanggo mnguwataké kamampuan lembaga-lembaga mitra lan nyiutaké kasenjangan digital intra- utawa antarnegara.[1]