![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/28/Lopez_scaling_seawall.jpg/640px-Lopez_scaling_seawall.jpg&w=640&q=50)
Perang Koréa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Sajarah Koréa Perang Koréa (basa Koréa: 한국전쟁), saka 25 Juni 1950 nganti 27 Juli 1953, iku konflik antarané Koréa Lor lan Koréa Kidul. Perang iki uga karan "perang sing dimandhataké" (basa Inggris proxy war) antarané Amérika Sarékat lan sekuthu PBB-né lan kuminis Républik Rakyat Cina lan Uni Sovyèt (uga anggota PBB). Nagara utama sing mèlu perang ya iku Koréa Lor lan Koréa Kidul. Sakuthu utama Koréa Kidul kalebu Amérika Sarékat, Kanada, Australia, lan Britania Raya, sanajan akèh nagara liya ngirimaké bala ing sangisoré gendéra PBB.
Perang Koréa | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
Péranganing Perang Dingin | |||||||
![]() Marinir AS nyerbu pasisir ing Incheon. | |||||||
| |||||||
Péhak kang perang | |||||||
![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Nagara kuminis:
Cithakan:Country data Koréa Utara![]() ![]() | ||||||
Pangarep | |||||||
![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
![]() ![]() ![]() | ||||||
Kakuwatan | |||||||
Koréa Kidul: 590.911 Amérika Sarékat: 480.000 Karajan Manunggal: 63.000[1] Kanada: 26.791[2] Ostrali: 17.000 Filipina: 7.000 Turki: 5.455[3] Kolombia: 4.314 Nèderlan: 3.972 Prancis: 3.421[4] Niu Selan: 1.389 Thailand: 1.294 Ethiopia: 1.271 Yunani: 1.263 Bèlgi: 900 Afrika Kidul: 826 Luksemburg: 44 Total: 941.356–1.139,518 | Koréa Lor: 260.000 RRC: 780.000 Uni Sovyèt: 26.000 Total: 1.066.000 | ||||||
Kurban | |||||||
Kurban tiwas:AS: 50.000Koréa Kidul: 673.000 Kurban tatu: AS: 103.000 Total: 1.271.244–1.818.410 | Kurban tiwas:RRC: 145.000Uni Sovyèt: 315 Kurban tatu: RRC: 260.000 Total: 1.858.000–3.822.000 | ||||||
Sipil tiwas utawa tatu (kabèh Koréa) = yutanan |
Sakuthu Koréa Lor, kaya déné Républik Rakyat Tiongkok, nyawisaké kekuwatan militèr, sauntara Uni Sovyèt sing nyawisaké penasihat perang lan juru anggegana montor mabur, lan uga gegaman, kanggo wadyabala Tiongkok lan Koréa Lor. Ing Amérika Sarékat konflik iki diistilahaké minangka aksi polisional ing sangisoré gendéra PBB tinimbang sawijining perang, amarga kanggo ngilangaké kaperlon kongres mbiwara perang.