Pepino
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pepino utawa kang uga dikenal kanthi jeneng Woh Melodi[1] (Solanum muricatum) yaiku tuwuhan kang kalebu sajeroning famili Solanaceae (terong-terongan) kang asalé saka kawasan Pegunungan Andes, Amérika Kidul, lan akèh dibudidayaake ing Peru, Chili, lan Kolombia kawit atusan taun kapungkur.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Solanum muricatum | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiosperms |
Unranked: | Eudicots |
Unranked: | Asterids |
Ordho: | Solanales |
Famili: | Solanaceae |
Génus: | Solanum |
Spésies: | S. muricatum |
Jeneng binomial | |
Solanum muricatum Ait. | |
Sinonim | |
deleng sinonim |
Pepino wis lumebu Indonesia kawit jaman kolonial Walanda anangin lagi misuuwur sawisé akèh paneliten kang mbuktiake yèn pepino duwé khasiat kanggo kasihatan lan dianggap dadi salah sawijining superfruit karo wo-wohan kang eksotis liyae. Ing Amérika, pepino kapilih dadi superfruit karoo woh-wohan eksitik liyané amarga ngandhut antioksidan kang akèh saéngga dianggep migunani kanggo kaséhatan awak.[2] Pepino duwé akèh jeneng ing antarané pepino melon, melumber, melon pear, tree melon, melon shrub, mellowruit, lan melosa. ing indonesia pepino uga dikenal kanthi jeneng woh husada déwa lan woh melodi ungu. jeneng pepino asalé saka basa Spanyol, pepino dulce kang tegesé timun legi amarga rasané kang wujud kombinasi antarané woh timun, blewah lan melon. Rasa pepino pancen rada unik, ora legi, ora kecut nanging uga ora sepa. kaya woh kang durung mateng nanging dudu saka jinis woh kang bisa digawé rujak.[2]