Paus biru
From Wikipedia, the free encyclopedia
Paus Biru (Balaenoptera musculus) inggih punika mamalia laut ingkang kalebet ing subordo paus balin. Panjangipun saged langkung saking 33 mèter saha gadhah bobot 181 ton metrik utawi saged ugi langkung. Kéwan punika dipunpercaya minangka kéwan ingkang paling ageng ingkang naté wonten.[3][4]
Paus biru[1] | |
---|---|
Paus biru diwasa di Samodra Pasifik. | |
Perbandingan ukuran paus biru dengan manungsa. | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Ordho: | Cetacea |
Subordho: | Mysticeti |
Famili: | Balaenopteridae |
Génus: | Balaenoptera |
Spésies: | B. musculus |
Jeneng binomial | |
Balaenoptera musculus (Linnaeus, 1758) | |
[[File:cetacea_range_map_Blue_Whale.PNG
Lsksmismsjis|240px]] | |
Penyebaran baus biru |
Dawa lan langsing, badanipun Paus Biru saged manéka macem kateduhan klawu saemu birunipun.[5] SAkedhikipun wonten tiga pambéda subspesies: B. m. musculus Atlantik lèr lan Pasifik lèr, B. m. intermedia, Samodra kidul lan B. m. brevicauda (ugi diunkenl minangka paus biru kerdil) kapanggihaken ing Samodra Hindia lan Samodra Pasifik Selatan. B. m. indica kapanggihaken ing Samodra Hindia, kadospun dados subspesies sanès. Kados déné paus balin sanès, pola nedhinipun ingkang pokok crustacea alit ingkang ugi dipunkenal minangka krill, ingkang saénipun sami kaliyan iwak alit lan nus.
Paus biru kathah sanget, saged kapanggihaken saben samodra dumugi abad 20. Kirang langkung 40 taun paus-paus mau dipunburu dumugi nyaketi angka kepunahan, kanthi wntenipun perburuan paus, paus sapunika dipunlindungi déning komunitas internasional wiwit taun 1966. Sawijining palaporan ing taun 2002 ngira-ngira wonten 5.000 dumugi 12.000 paus biru ing saintering dunya[6] ingkang lokasinipun kapérang paling sakedhik gangsal kelompok. Kathah-kathahipun riset sapunika maringi kawigatosan tumraping subspesies paus biru kerdil ingkang mungkin sampun ing ngandhap prakiran.[7] Sadèrèngipun perburuan paus, populasi paling ageng dumunung ing tlatah Antartika, kanthi cacah kinten-kinten 239.000 (saged 202.000 dumugi 311.000).[8] Sisanipun ingkang naumung sapérangan alit (antawis 2.000) mengkonsentrasaikan ing saben kelompok Pasifik timur laut, Antartika, lan Samodra Hindia. Wonten langkung saking kalih kelompok ing Samodra Atlantik lèr lan sakedhikipun kalih ing Sisih kidul.