Paus Urbanus II
From Wikipedia, the free encyclopedia
Paus Urbanus II iku Paus Gréja Katulik Roma antarané taun (1088-1099). Paus Urbanus II lair taun 1042 ing Lagery (cedhak kutha Châtillon-sur-Marne) ing Prancis. Paus Urbanus II duwé jeneng asli Odo De Lagery (utawa: Otto/ Odo). Dhèwèké asalé saka bangsawan Prancis lan duwé dhasar ngèlmu kang apik. Nalika isih enom dhèwèké dadi pandhita ing kutha Rheims, banjur munggah pangkat sithik mbaka sithik dadi Bishop, lan dadi Paus taun 1088. Paus Urbanus II ya iku Paus kang ngajak wong Kristen perang ngrebut tanah suci saka wong Islam, kang dadi Perang Salib.[1] Dhèwèké iku Paus Gréja Katulik Roma awit Maret 1088 tekan 29 Juli 1099.