Patrick Vieira
From Wikipedia, the free encyclopedia
Patrick Vieira (lair ing Dakar, Senegal, 23 Juni 1976; umur 47 taun)[2] inggih punika mantan juru main Bal-balan Prancis keturunan Senegal ingkang posisinipun minangka glandhang.[3]
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Patrick Vieira | ||
Dhuwur | 1.93 m (6 ft 4 in)[1] | ||
Posisi main | Glandhang | ||
Karir nom | |||
1984–1986 | FC Trappes | ||
1986–1991 | FC Drouais | ||
1991–1993 | Tours | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
1993–1995 | Cannes | 49 | (2) |
1995–1996 | Milan | 2 | (0) |
1996–2005 | Arsenal | 279 | (29) |
2005–2006 | Juventus | 31 | (5) |
2006–2010 | Internazionale | 67 | (6) |
2010–2011 | Manchester City | 28 | (3) |
Gunggung | 456 | (45) | |
Tim nasional | |||
1995–1996 | Prancis U-21 | 7 | (0) |
1997–2009 | Prancis | 107 | (6) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi. |
Piyambakipun kaloka gadhah operan bal ingkang apik sarta fisik ingkang kiyat, namanipun wiwit kaloka nalika main wonten ing klub Inggris, Arsenal wonten ing Liga Utama Inggris. Arsenal dipunbekta dados juara Liga Utama kaping 3 (1997-98, 2001-02, 2003-04) lan Piala FA kaping 4 (1998, 2002, 2003, 2005). Nalika Tony Adams damel kaputusan kanggé pènsiun wonten ing taun 2002, Vieira nggantosaken piyambakipun minangka kapten Arsenal. Sasampunipun nilaraken Arsenal wonten ing taun 2005, piyambakipun nelasaken satunggal mangsa wonten ing Juventus sadéréngipun gabung kaliyan Internazionale wonten ing taun 2006, nalika Juventus kadégradasi dhateng Seri B amargi kagayut skandal pengaturan tetandhingan.
Piyambakipun dipundangu dhateng Prancis ingkang kapisanan taun 1997, Vieira sampun ndhèrèk menangaken Piala Donya 1998 lan Piala Éropah 2000 sareng nagara Prancis. Piyambakipun sampun kaping 107 main kanggé Prancis lan damel 6 gol.