From Wikipedia, the free encyclopedia
Paré ya iku jeneng tuwuhan mrambat kang uripé ana ing tlatah tropis kang asalé saka tlatah Asia Tropis kang paling utama saka tlatah India kulon, ya iku Asam lan Burma.[1] Tandhuran janganan iki ya iku salah sijiné kagolong ana ing tuwuhan labu-labuan utawa Cucurbitaceae. Kang mumpangaté bisa di gawé kanggo janganan lan tuwuhan obat.[2] Jeneng Momordica kang ana ing tuwuhan binomial basa latin artiné "cokotan" kang nunjukake ana ing godhong tuwuhan kang kagolong ing Momordical.[3]
Peria/Paré | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Violales |
Famili: | Cucurbitaceae |
Génus: | Momordica |
Spésies: | M. charantia |
Jeneng binomial | |
Momordica charantia Descourt. | |
Paré uga ana ing tlatah Jawa sok diarani paria, paré, paré pait, peparéh [4]. Ing Sumatera, paré sok diarani karan jeneng prieu, fori, pepare, kambeh, paria.[4] Wong Nusa Tenggara nyebutake paya, truwuk, paitap, paliak, pariak, pania, lan pepule, lan ing Sulawesi, karan poya, pudu, pentu, paria belenggede, sarta palia.[4]
Paré gajih ya iku paré kang akèh ditandhur lan disenéngi. Paré iki kagolong paré pethak utawa paré mertéga kang asalé saka India lan Afrika kang wujudé woh kurang luwih dawané 30 – 50 cm, garis tengah (diameter) 3 – 7 cm, bobot antarané 200-500 gram/ woh.[1]
Paré ijo dhapuré lonjong, cilik lan warnanée ijo lan kulité woh kasar lan alus. Paré iki duwé dawa 15 – 20 cm, rasané pait lan dagingé kang ana ing woh tipis. Paré ijo iki gampang opènané lan tandhurané, bisa uga ora di lanjari nanging bisa mrambat.
Peria ula/sawer utawa paré welut bisa diketarani ana ing wujudé woh kang bunder dawa lan mlengkung kurang luwih 60 cm.[1] kulit kang ana ing wohé warnané belang-belang, ya iku ijo karo putih kaya kulit ula/sawer lan rasa dagingé ora pait.[1]
nglancaraké pencernaan, sembelit, nyegah kerutan ing kulit, zat kalium ing pare bisa nyegah hipertensi, zat karoten bisa kanggo nambani mata lara.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.