Papan Anggegana Paris-Charles de Gaulle
From Wikipedia, the free encyclopedia
Papan Anggegana Paris-Charles de Gaulle (IATA: CDG, ICAO: LFPG) (Prancis: Aéroport Paris-Charles de Gaulle), ugi dipukenal minangka Papan Anggegana Roissy (utawi Roissy ing basa Perancis), ing Paris, minangka salah satungaling pusat penerbangan utama donya, ugi badhar udara internasional utama Perancis. Dipunsukani nama sasampuning Charles de Gaulle (1890-1970), pemimpin Pasukan Perancis Mardika lan pendiri Republik Kelima Perancis. Dumunung ing sapérangan pérangan komune, kalebet Roissy, 25 km ing timurlaut Paris.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Taun 2007, Papan Anggegana Charles de Gaulle mapan ing peringkat pisanan wonten ing pergerakan pesawat ing Éropa kanthi 552.721 pendaratan lan lepas landas[1], sanginggiling Frankfurt (492.569) lan Madrid (483.284). Miturut lalu lintas kargo, Papan Anggegana Charles de Gaulle ugi angka 1 ing Éropa kanthi 2.297.896 ton (2.532.970 ton AS)[2], sanginggiling Frankfurt (2.169.025 ton), lan Papan Anggegana Internasional Schiphol, (1.651.385 ton) lan Heathrow (1.395.909 ton). Miturut lalu lintas panumpang, Papan Anggegana Charles de Gaulle dumunung ing peringkat angka 2 ing Éropa kanthi 59.919.383 panumpang [3], ing sangandhaping Papan Anggegana Internasional London Heathrow (68.068.554), lan sanginggling Frankfurt (54.161.856) lan Madrid (52.143.275).