Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Paku Alam I (Hanacaraka: ꦑꦚ꧀ꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦦꦔꦺꦫꦤ꧀​ꦄꦢꦶꦥꦠꦶꦄꦂ​ꦪꦦꦏꦸꦄꦭꦩ꧀꧇꧑꧇) dicekak Paku Alam I utawa Pangéran Natakusuma iku panguwasa kaping pisan ing Kadipatèn Pakualaman.

Riwayat

Pangéran Natakusuma putra pasangan Sultan Hamengkubuwana I klawan Putri Srenggarawati. Pangéran kang misuwur minangka juru budaya Jawa, juru tulis uga arsitèk. Salah siji karyané ya iku wangunan Pura Pakualaman ing dalan Sultan Agung kutha Ngayogyakarta kang dadi dalem lungguhing panguwasa-panguwasa Kadipatèn Pakualaman.

Ing wulan Juni taun 1812 Pangéran Natakusuma antuk gelar Pangéran Merdika saka Sultan Hamengkubuwana II. Tanggal 17 Maret 1813 diangkat dadi panguwasa ing Kadipatèn Pakualaman lan nyandhang gelar Kanjeng Gusti Pangéeran Adipati Arya Paku Alam I.

Putra-Putri

  1. Radèn Tumenggung Natadiningrat
  2. Radèn Arya Suriyaning Prang
  3. Radèn Arya Suriyaning Prang II
  4. Radèn Arya Surèng Jurit
  5. Radèn Arya Suriya Miséna
  6. Radèn Ayu Karta Winata
  7. Radèn Ayu Jayang Kusuma
  8. Radèn Ajeng Jumina
  9. Radèn Ayu Nata Prana
  10. Radèn Ayu Sasra Kusuma
  11. Radèn Ayu Jayèngirawan

Uga delengen

Paku Alam I > Paku Alam II


Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.