Pangan
sakabehing dat kang bisa diuntal kanggo mènèhi gizi marang awak / From Wikipedia, the free encyclopedia
Pangan utawa panganan iku bahan, lumrahé asal saka sato kéwan lan tetuwuhan utawa woh-wohan, kang dipangan déning makluk urip kanggo mènèhi tenaga lan nutrisi. Cuwèran kanggo maksud iki kerep diarani ombènan, nanging tembung 'panganan' bisa uga dianggo. Istilah iki kadhangkala dianggo kiasan, kaya "panganan kanggo pamikiran". Kacukupan pangan bisa diukur saka status gizi kanthi antropometri
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
Panganan siyang dibutuhaké manungsa lumrahé digawé liwat asil tetanèn utawa kebun kang nyakup sumber kéwan lan tuwuhan. Sawenèh wong nulak mangan panganan saka kéwan kaya, daging, endhog lan sakpiturutipun. Wong kang ora gelem mangan panganan saka daging lan sajinisé diarani vegetarian yaiku wong kang mung mangan janganan minangka panganan pokok.
Panganan kang biyasa dikonsumsi déning Manungsa | ||
Sumber tuwuhan | Sumber kéwan | |