![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a0/Australian_blacksmith.jpg/640px-Australian_blacksmith.jpg&w=640&q=50)
Pandhé
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pandhé ya iku arané wong kang pakaryané gawé gegaman saka wesi lan waja, awujud piranti tetanèn kaya ta pacul, arit, bendho , bapang, pethel , péso lan sapanunggalané. Pandhéyan racaké dumunung ana ing cedhak pasar tradhisional utawa pasar kéwan, papan kumpulé para kadang tani.
ꦗꦮ |
![]() |
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/a/a0/Australian_blacksmith.jpg/640px-Australian_blacksmith.jpg)
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/3/33/01_Forgeron_23.jpg/640px-01_Forgeron_23.jpg)
Kanggo manasaké wesi, racaké migunakaké areng kayu jati utawa kayu atos liyané supaya panas kang kaasilaké saka geni bisa maksimal.
Kanggo landhesan nalika mbentuk wesi, digunakaké paron.
Saliyané gawé gaman, pandhé uga bisa mupuk gaman lawas supaya bisa landhep manèh.