From Wikipedia, the free encyclopedia
Peneliten sosial ya iku istilah kang digunakaké marang penyelidikan-penyelidikan kang diancang kanggo nambahi khazanah ngèlmu kawruh sosial, tandha-tandha sosial, utawa praktik-praktik sosial. Istilah sosial iki nuduhaké gayutan-gayutan antarané, lan ing antarané, wong-wong, golongan-golongan kaya ta kulawarga, institusi (sekolah, komunitas, organisasi, lan liyané), lan lingkungan kang luwih gedhé.[1]
Tandha-tandha sosial uatawa gegayutan antarané loro utawa luwih tandha-tandha sosial diadekake minangka topik peneliten sosial. Topik kang gegayutan karo tandha-tandha sosial bisa nyangkut individu (tuladhané, kepuasan kerja), golongan (tuladha, kepemimpinan), masarakat (tuladha, struktur sosial), institusi (tuladha, ''iklim'' organisasi), lan uga lingkungan kang luwih amba kaya ta nagara (tuladha, ngrembakane ékonomi nasional). Yèn mangkono, studi ngenani gegayutan antarané, lan ing antarané, wong, golongan, institusi, utawa lingkungan kang luwih amba diarani panalitèn sosial. Penelitèn sosial minangka sawijining tipe penelitèn kang ditindakake déning ilmuwan sosial (social scientist) kanggo njawab pitakonan-pitakonan ngenani pirang-pirang aspek sosial mula bisa dingerteni.[2]
Penelitian utawa riset ya iku sawijining penyelidikan kang sistematis lan metodis tumrap sawijining masalah kanggo nemu solusi lan nambah khazanah kawruh.[3]
Tembung “research” ing basa Inggris asalé saka tembung “Reserare” (basa Latin) kang duwé teges ngungkapake. Sacara etimologis, tembung “research” (panalitèn, riset) asalé saka tembung “re” lan “to search”. 'Re' tegesé manèh lan to search tegesé golèk.[4] Dadi, kanthi etimologis, panalitèn tegesé goleh manèh. Nanging, teges kang ana ing tembung “research” luwih amba tinimbang mung golèk manèh utawa ngungkapake. Iki katon saka pirang-pirang dhéfinisi panalitèn berikut :
''Panelitèn ya iku penyelidikan kang sistematis kanggo nemu jawaban sawijining masalah. Panalitèn bisa digambarake minangka upaya kang sistematis lan diorganisasekake kanggo nyelidiki masalah spesifik kang mbutuhake solusi. Iki ya iku pirang-pirang cara kang dirancang lan dieloni, kanthi ancas nemu jawaban marang isu-isu ing lingkungan gawéan. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.