Pambedhiling pakumpulan wengi Orlando 2016
From Wikipedia, the free encyclopedia
Nalika mangsa 12 Juni 2016, insiden tetèmbak massa kedadèyan ana ing sajeroning klub-wengi Pulse. Klub-wengi ikui uga ana ing kutha Orlando, nagara bagèan Florida, Amérika Sarékat [1]. Insiden iki kalebu kategori rajapati ingkang gedhé, sabanjuré ana insiden 9/11 [2] ing gèdung World Trade Center [3] lan Pentagon ing nagara adidaya kasébut.
Pambedhiling pakumpulan wengi Orlando 2016 | |
---|---|
Péranganing Terorisme | |
Pernah | Dalan Orange Avenue, nomer 1912 Orlando, Florida, Amérika Sarékat |
Koordhinat | 28°31′10.5″N 81°22′36.5″W |
Tanggal | Juni 12, 2016; 8 taun kapungkur (2016-06-12) u. 2:00 a.m. – c. 5:00 a.m. EDT (UTC−04:00) |
Inceran | Para rerawuh ing sajeroning Klub-wengi Pulse |
Gamans | SIG Sauer Glock 17 |
Pepati | 50 tiyang (karo Omar Mateen) |
Tatu tan fatal | 53 tiyang |
Sing nindakaké | Omar Mateen |
Insiden iki diwiwiti karo Omar Mateen, tiyang umur 29 taun kelairan ing Amérika Sarékat, nanging wong tuwané [4] imigran saka Afghanistan. Bapak saka Omar Mateen uga botèn ngertos ménawa anakké kalibat ana ing pagawéané saka Islamic State of Iraq and the Levant utawa diarani ISIL utawa ISIS [5]
Pulse iku sawijiné papan panggona hiburan kanggo para lèlaku gay ing pasisir wétan nagara Amérika Sarékat. Papan panggonan iki sampun ana miwiti taun 2006 déning Barbara Poma lan Ron Legler [6].
Miturut analisis ingkang didhamel karo Ore Koren bab terorismé, pamatintah (Amérika Sarékat) kedah gadhah para militan ingkang sarujuk lan dhukung apa baé pagawèan saka pamarintah iku piyambak [7]. Bab iki uga maringi pengétan ana kasanjangan ing sajeroning masarakat Amérika Sarékat mitutur babagan gay lan sapanunggalé.