![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f8/Global_Temperature_Anomaly.svg/langjv-640px-Global_Temperature_Anomaly.svg.png&w=640&q=50)
Pamanasan global
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pamanasan global iku anané prosès mundhaké suhu rata-rata atmosfér, sagara, lan dharatan bumi. Suhu rata-rata global ing lumahing bumi wis mundhak 0.74 ± 0.18 °C sajeroning satus taun pungkasan iki. Intergovernmental Panel on Climate Change (IPCC) nyimpulaké yèn, "sapérangan gedhé paningkatan suhu hawa rata-rata global wiwit pertengahan abad kaping 20 kamungkinan gedhé disebabaké déning mundhaké konsèntrasi gas-gas omah kaca akibat aktivitas manungsa"[1] liwat èfèk omah kaca. Kesimpulan dhasar iki wis diandharaké déning saora-orané 30 badan èlmiyah lan akademik, kalebu kabèh akademi sains nasional saka nagara-nagara G8. Modhèl iklim kang didadèkaké acuan déning projek IPCC nuduhaké suhu lumah global bakal mundhak 1.1 nganti 6.4 °C antara taun 1990 lan 2100.[1] Béda ing angka perkiraan iku disebabaké déning panggunaan skenario-skenario kang béda-béda ngenani emisi gas-gas omah kaca ing mangsa ngarep, sarta modhèl-modhèl sensitivitas iklim kang béda-béda. Sanajan sapérangan gedhé panelitèn munjer marang kalamangsa nganti 2100, pamanasan lan mudhaking lumahing banyu sagara dikira-kira bakal terus lumaku sajeroning punjul sèwu taun sanadyan tingkat emisi gas omah kaca wis stabil.[1] Iki nggambaraké gedhéné kapasitas panas saka sagara.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f8/Global_Temperature_Anomaly.svg/640px-Global_Temperature_Anomaly.svg.png)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/88/Change_in_Average_Temperature.svg/640px-Change_in_Average_Temperature.svg.png)
Mundhaké suhu global dikira-kira bakal njalari owah-owahan liya kaya déné mundhaké lumahing banyu sagara, mundhaké intensitas fenomena cuaca kang ekstrim,[2] sarta owah-owahan gunggung lan pola presipitasi. Akibat-akibat pamanasan global kang liya yaiku kaprabawaané kasil tetanèn, ilangé gletser, lan punahé warna-warna jinis kéwan. Sawetara bab-bab kang isih dadi ranguné para èlmuwan yaiku ngenani gunggung pamanasan kang dikira-kira bakal kadadéan ing mangsa ngarep, lan piyé pamanasan sarta owah-owahan kang dumadi mau bakal bervariasi saka siji laladan menyang laladan liyané. Nganti wektu iki isih ana wacana pulitik lan publik ing donya ngenani apa, yèn ana, tindakan kang kudu dilakoni kanggo ngurangi utawa mbalikaké pamanasan sabanjuré utawa kanggo adhaptasi marang konsekwensi-konsekwensi kang ana. Sapérangan gedhé pamaréntahan nagara-nagara ing donya wis napak astani lan ngratifikasi Protokol Kyoto, kang ngarah marang pangurangan emisi gas-gas omah kaca.