![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/97/Kunlun_mountain.jpg/640px-Kunlun_mountain.jpg&w=640&q=50)
Pagunungan Kunlun
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pagunungan Kunlun ya iku rerangkèn pagunungan kang paling dawa ing Asia dumunung ing Provinsi Qinghai ing Cina lan ngliwati tapel wates Cina-India.[1][2][3] Ambane antarané 60-120 kmlan dhuwure rata-rata 5.500 mèter ing dhuwur lumahing sagara.[2] Pucuk kang paling dhuwur ing pagunungan Kunlun ya iku ana ing Muztag (cedhak tapel wates karo India lan dhuwuré 7.723 mèter.[2]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/9/97/Kunlun_mountain.jpg/640px-Kunlun_mountain.jpg)
Akèh carita Mitologi Cina kang ana gegayutané karo pagunungan iki, ing antarané ya iku Chang'e (sang Dèwi Bulan), Perjalanan ke Barat, lan Bai She Zhuan (Legendha Siluman Ular Putih).[1] Akèh wong kang padha teka ing pagunungan iki saperlu njaluk berkat.[1]