![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/2b/Melk_-_Abbey_-_Library.jpg/640px-Melk_-_Abbey_-_Library.jpg&w=640&q=50)
Pabukon
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pabukon utawa bibliotik iku papan kanggo nyinggahaké buku-buku lan layang-layang dokumèn liyané.[1] Papan iki bisa awujud nyata utawa maya (alias virtual). Pabukon bisa dinduwèni saben wong lan ana uga pabukon kang isiné koléksi buku kang dioperasiaké institusi lan dimanfaataké masarakat.[1] Pepustakaan umum iki kaya ta kang ana ing sekolah, pabukon laladan, kampus, lan kantor.[1] Nanging kanthi koléksi lan médhia kang modhèren, saliyané kanggo nyimpen buku, pabukon uga nyimpen informasi kang wujud mikrofilm, mikrofiche, tapé audio, CD, Lp, tapé video, DVD lan nyediaaké fasilitas umum kaya ta gudang data CD-ROM lan akses internet ing ruangan pabukon.[1] Pepustakaan modhèren yaiku panggonan kanggo ngakses informasi ing format modhèren.[1] Format modhèren iki kaya ta buku, elektronik book.[1] Pabukon modhèren uga kena diarani pabukon digital kang data utawa informasiné bisa diakses saka internet lan jaringan komputer.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/2b/Melk_-_Abbey_-_Library.jpg/640px-Melk_-_Abbey_-_Library.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/5e/Bibliothek_St._Florian.jpg/320px-Bibliothek_St._Florian.jpg)