panganan khas Palembang From Wikipedia, the free encyclopedia
Pèmpèk utawa empèk-empèk yaiku panganan khas Palembang kang digawé saka iwak lan sagu.[1] Pempek disuguhake karo saos wernane ireng kecoklatan kang diarani cuka utawa cuko (basa Palembang).[1] Cuko digawé saka banyu mateng kang ditambah gula aren, urang ebi, ulegan lombok rawit, bawang, lan uyah
Panggonan asal | Indonesia |
---|---|
Tlatah utawa praja | Sumatera Selatan |
Woworan pokok | Daging iwak, sagu, endhog pitik, banyu mateng, uyah |
Variasi | Pempek kapal selam, pempek endhog gedhé, pempek kapal selam kecil, pempek endhog cilik, pempek kriting, pempek kulit, pempek tahu, pempek pistel, pempek urang, pempek belah, pempek panggang, pempek lenggang, dsb |
Buku masakan: Pèmpèk Médhia: Pèmpèk |
Pempek nduwé sapérangan jinis kaya ta:[2]
Pempek Lenjer minangka jinis pempek kang dianggo kanggo nggawé laksan, yaiku sawijining panganan khas Palembang kang duduhe kuning kaya duduh lontong sayur. Lenjer bisa digoreng lan dipangan bareng duduh cuko. Rasane pada karo pempek kapal selam nanging ora ana isiné endhog.
Pempek lenggang minangka pempek kang dicampur endhog bèbèk lan dibungkus godhong gedhang kang diwangun kaya piring banjur dibakar. Pempek lenggang panggang iki luwih akèh disenengi tinimbang pempek lenggang goreng.
Mujudake pempek kang nalika nggawéne ora kena lenga klentik babar pisan. Sawisé diwangun bunder-bunder lan diisi, pempek iki langsung dibakar.
yaiku pempek kang wujudé kriting lan padatan ora tau digoreng déning wong Palembang
yaiku pempek kang isiné katès enom.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.