Organisasi
paguyuban sing isiné wong-wong kang duwé ancas padha / From Wikipedia, the free encyclopedia
Organisasi (Yunani: ὄργανον, organon - piranti) yaiku golongan wong ing siji wadhah kang duwé ancas padha.[1].
Ing ngèlmu-ngèlmu sosial, organisasi disinau déning peneliti saka pirang-pirang babagan ngèlmu, mligi sosiologi, ékonomi, ngèlmu pulitik, psikologi, lan manajemen.[1] Kajian ngenani organisasi kerep diarani studi organisasi (organizational studies), prilaku organisasi (organizational behaviour), utawa analisa organisasi (organization analysis).[1]