Oni (cerita rakyat)
From Wikipedia, the free encyclopedia
Oni (鬼, Oni?) inggih punika jinising makluk kuwat, ala, lan damel ajrih ingkang dipunpitadosi gadhah kekuwatan supranatural wonten ing kapitadosan Jepang. Oni punika dugi saking donya sanès mbeta bencana ugi nasib saé. Kekuwatan spiritual Oni punika damel ajrih lan dipunpitadosi ngandhut kekuwatan ingkang saé lan ala saéngga dados objek pamujan sarta kawontenanipun dipunsingkiri.[1] Oni punika kalebet salah satunggalipun yōkai.
Wonten ing Basa Tionghoa, aksara hanzi kanggé oni dipunwaos minangka "guǐ" ingkang ateges arwah ingkang sampun séda. Kangge tiyang Tionghoa, nama mau tabu manawi dipunsebut. Ing Jepang, aksara ingkang sami dipunwaos minangka oni (iblis), mono (arwah ingkang manggon), utawi kami.[1]
Wiwit saking jaman Heian, oni kagambaraken minangka tiyang jaler kanthi rambut gondhrong lan keriting. Gadhah mripat ingkang ageng lan damel ajrih. Ing sirahipun wonten kalih sungu (tanduk) (oni abrit) utawi sungu (oni biru). Tutukipun kebak waja ingkang wonten taringipun ugi drijinipun wonten kuku ingkang landhep sanget. Busana ingkang kaginakaken namung satunggalcawat (fundoshi) saking kulit macan. Gaman ingkang dipunbeta dipunwastani kanebō, awujud gada kebak eri-eri ingkang landhep.