Old Trafford
From Wikipedia, the free encyclopedia
Old Trafford (jejuluk The Theatre of Dreams diwènèhaké déning Sir Bobby Charlton) iku stadhion bal-balan ing kutha Stretford, Trafford, Manchester Raya, Inggris. Stadhion iki dadi kandhangé tim bal-balan Manchester United F.C.. Lapangan iki diduwèni kanthi permanèn déning Manchester United F.C. wiwit taun 1910. Stadhion iki ora digunakaké nalika taun 1941-1949 amarga dibom nalika Perang Donya II.[1]
Old Trafford | |
---|---|
Theatre of Dreams | |
Lokasi | Sir Matt Busby Way, Old Trafford, Greater Manchester, Inggris |
Pelepasan tanah | 1909 |
Dibuka | 1910 |
Pemilik | Manchester United |
Operator | Manchester United |
Biaya konstruksi | £90,000 (1909) |
Arsitèk | Archibald Leitch (1909) |
Kapasitas | 76.212 |
Pemakai | |
Manchester United (Liga Utama Inggris) (1910–saiki) |
Stadhion iki bisa diisi 76.000 wong. Ing tanggal 25 Maret 1939, stadhion iki mecahaké rékor cacahé panonton nganti 76.962, nalika ana bal-balan antarané Wolves-Grimsby.
Old Trafford dadi stadhion kang duwé kapasitas nomer loro ing Inggris, sawisé Stadhion Wembley. Stadhion iki uga dadi stadhion nomer telu gedhé dhéwé ing Inggris, saliyané iku uga dadi nomer sewelas gedhé dhéwé ing Éropah.