Nagara Wa

From Wikipedia, the free encyclopedia

Nagara Wamap

Nagara Wa (Wa: Mēng Vax utawa Meung VaBasa Cina: 佤邦, pinyin: Wǎ Bāng; Basa Myanmar: ဝပြည်နယ်; Basa Jawa: ꧋ꦟꦒꦫꦮ꧉) ya iku sawijining negara kang ora misuwur ing Myanmar lan saiki ing ngisoré pangawasan Wilayah Khusus Wa 2 laladan Shan Lor.[3][4] Ibukutha negara iki ing Pangkham (Basa Cina: 邦康, pinyin: Bāngkāng, mbiyen jenengé Panghsang, 邦桑). Jeneng Wa dijupuk saka kelompok etnis Wa, singdadi panyatur basa Austrosiatik.

Sunyata Rikat Negara WaMēng Vax, Kuthagaralan Kutha paling gedhé ...
Negara Wa
Mēng Vax
Thumb
Gendéra
Thumb
Negara Wa, sing diklaim UWSA (ijo),
lan Myanmar (abu-abu tuwa).
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Pangkham
22°10′N 99°11′E
BasaWa; Basa Cina
Budayawangsa
Wa
PapréntahanNegara partai tunggal
 Presiden
Bao Youxiang (Tax Log Pang)[1]
 Wakil Presiden
Xiao Minliang[2]
Mardika saka Myanmar
 Deklarasi
17 April 1989
 Diperintah sacara rasmi dening Divisi Otonomi Wa
20 Agustus 2010
 Pangakuan
Pangakuan Diplomatik
 Banyu (%)
diabaikan
Population
 Pikira-kira
558,000[butuh sitiran]
 Ketebdunung
32.8/km2 (85.0/sq mi)
ArtacihnaRenminbi
Laladan wektuUTC+06:30
Nyetir ingtengen
Kodhé bèl+95 73
Tutup

Mayoritas wong Wa nganut kepracayan animisme. Ana sing agamané Kristen utawa Buddha, tapi jumlahé sithik. Biyen Wa dijuluki "Wa Liar" karo Tentara Inggris amarga akehe tukang paten wong.[5]

Pulitik lan Masarakat

Negara Wa dipérang dumadi wilayah lor lan kidul kang kapisah siji lan sijine. Ing sisih kidul jembar laladané udakaral 13.000 km persegi (5.000 mil persegi) kang watesan karo Thailand lan dumadi 200.000 cacah jiwa.[6] Gunggung laladan Nagara Wa ya iku 17,000 km2 (6,600 sq mi). Tokoh pulitik nagara iki akèh-akèhé saka Wong Wa. Pamaréntah Wa nganggo sistem pulitik kaya Nagara Cina, ya iku nduwéni partai tunggal (Partai Persatuan Nagari Wa) lan komité sentral. Sacara de facto, Nagara Wa iku laladan swatantra (daerah otonom) saka Myanmar,[7][8] sesambetan Myanmar lan Wa didasarké ing koeksistensi damai, ya iku Wa ngakoni pamaréntah pusat ngatur sekabehané nagara Myanmar.[6]

Basa kerja ing Negara Wa ya iku Basa Cina.[9][10][11] Basa Mandarin kidul-kulon lan Basa Wa dinggo basa padinan, nanging ing sekolahan, basa sing digunaaké yaku Basa Mandarin Standar. Giyaran TV ing nagara iki migunakaké Basa Mandarin Standar lan Basa Wa. Komoditas nagara iki sakèhé didol menyang Cina. Ing nagara iki Renminbi ditetepaké minangka mata uang. China Mobile dhuwéni jangkauan sinyal ing pirang-pirang papan ing negara Wa..[6]

Subdivisi

Nagara Wa nduwéni 15 distrik.

  • Dhistrik Yiang Chen
  • Dhistrik Nawi
  • Dhistrik Gong Ming Shan
  • Dhistrik Gelong Ba
  • Dhistrik Kun Ma
  • Dhistrik Wang Len
  • Dhistrik Lien He
  • Dhistrik Yin Pan
  • Dhistrik Pang Yang
  • Dhistrik Ting Aw
  • Dhistrik Weng Kao
  • Dhistrik Pangh Sang
  • Dhistrik Mong Pawk
  • Dhistrik Mong Ngen
  • Dhistrik Hotao

Géografi

Thumb
Peta Negara Wa

Negara iki wujudé gunung-gunung, kanthi èrèngan kang jero. Titik ngisor dhéwé udakara 600 meter saka dhuwuré permukaan sagara, kanthi titik dhuwur dhéwé luwih saka 3000 meter. Wiwitané, Nagara Wa gantungké marang prodhuksi opium.[12] Kanthi sengkuyungan saka Cina, Negara Wa wiwit nganakaké nandur karet lan teh.[13] Nagara iki ngolah 220.000 hektar karet.[14] Amargi urbanisasi saka pucuk gunung menyang dataran kang gembur,[15] pungkasané warga uga nandur jagung, pari, lan sayur-sayuran. Puluhan warga mati amargi kecilakan saka munggah gunung.[14] Nagara Wa sacara ékonomi gumantung marang Cina, amarga njurung sacara finansial lan nekakaké penasihat militer lan gaman.[16][17] Negara iki nduwéni wates karo Cina dawané 82 mil (133 km).[18]

Rujukan

Pranala Jawi

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.