Métro de Paris
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Infobox Paris Network generic
Angkudan rikat Paris (Basa Perancis: Métro de Paris) minangka siji sistem angkudan rikat ing Paris, Perancis. Sistem punika nglipti 16 jalur, langkung kathah ing ngandhap lemah, kanthi total dawa rutenipun 213 km (133 mil), dipunlayani déning 298 stasiun (382 papapn mandheg)[1]. Jalur punika dipuntandhani kanthi nomer saking 1 dumugi 14, kanthi 2 jalur alit, 3bis lan 7bis, ing pundi minangka bekas saking jalur indukipun lan dados jalur independen. Sistem punika, ing pundi dados salah satunggaling simbol Paris, kacathet kanggé kepadatan jaringanipun ing pusat kutha Paris, lan kanggé gaya arsitekturalipun, dipunpengaruhi déning Art Nouveau. Sistem dipunwiyaraken kanthi panambahan siji jaringan ekspres ingkang dipunsebut minangka RER kanggé dumugi pinggrian kutha sanèsipun.