Musiyum Manungsa Purwa Sangiran
From Wikipedia, the free encyclopedia
Musiyum Manungsa Purwa Sangiran inggih punika musiyum arkeologi ingkang papan wonten ing Kalijambé, Kabupaten Sragèn, Jawi Tengah, Indonesia. Musiyum puniki caket kaliyan area situs fosil purwakala Sangiran ingkang dados salah setunggalipun situs tilaran donya Unesco. Situs Sangiran nggadhahi wiyar dugi 56 km² ngliputi telung kecamatan ing Sragen, yaiku kecamatan Gemolong, Kecamatan Kalijambe, lan Kecamatan Plupuh saha Kecamatan Gondangrejo ingkang mlebet tlatah Kabupaten Karanganyar. Situs Sangiran wonten ing lebet kawasan Kubah Sangiran ingkang inggih punika dados perangan saking depresi Solo, ing suku Redi Lawu (17 km saking Kutha Solo). [1][2][3] Musiyum Sangiran kaliyan situs arkeologinipun, kejawi dados objek wisata ingkang menarik dados arena panaliten bab gesang prasejarah paling wigatos lan paling jangkep ing Asia, malah donya. [4] [5] [6] [7]
Sangiran | |
---|---|
Jeneng kang kapacak ing Sistem Registrasi Nasional Cagar Budaya | |
Cagar budaya Indhonésia | |
Peringkat | Nasional |
Kategori | Kawasan |
No. Regnas | CB.33 |
Panggonan | Sragen, Jawa Tengah |
No. SK | 019/M/2015 |
Tanggal SK | 5 Febuari 2015 |
Tingkat SK | Menteri |
Kang nduwèni | Indonésia |
Kang ngrumat | Balai Pelestarian Situs Manusia Purba Sangiran |
Sana Warisan Donya UNESCO | |
Janeng ing Pratélan Warisan Donya | |
Jinis | Budaya |
Wewaton | iii, vi |
Rujukan | 593 |
Tlatah UNESCO | Asia Pasifik |
Sujarah prasasti | |
Prasasti | 1996 (Sési ke-20) |
Koordinat | 7.4577082°S 110.8386485°E / -7.4577082; 110.8386485 |
[[file:Cithakan:Location map Jawa Tengah|240px|Musiyum Manungsa Purwa Sangiran is located in Cithakan:Location map Jawa Tengah]]
| |