Mindhik
iku salah sawijing panganan jajanan utawa cemilan sing kawentar ing laladan Jawa Tengah lan Jawa Wétan / From Wikipedia, the free encyclopedia
Mindhik iku salah sawijing panganan jajanan utawa cemilan sing kawentar ing laladan Jawa Tengah lan Jawa Wétan, nanging wis rada langka, wujud gorèngan wiji trembesi. Ing sawatara panggonan ana uga sing ngarani godril. Wiji Trembesi sing wis digorèng sangan mau rasané énak tur gurih. Amarga kari njupuki woh trembesi sing wis padha tiba ing lemah, panganan iki regané ya pancèn murah, mulané cocog yèn dadi panganan jajanané murid Sekolah Dasar SD sing sanguné racaké pas-pasan. Mindhik racaké di dol ning plataran sekolah, ning pasar utawa ing papan panggonan sing lagi ana keraméan utawa tontonan. Jaman biyèn yèn dodol mindhik ora dibungkus nganggo plastik, nanging diwadhahi conthong sing digawé saka dluwang. Carané mangan mindhik, kudu disisil ndhisik, mèh padha karo mangan kwaci. Yèn wiji mindhik wis dipépé nganti garing lan nggorèngé cukup panas, matengé akèh sing mlethèk dadi luwih gampang mangané.
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/b/b2/Wit_trembesi_lagi_kembang.jpg)
![]() Panganan Laladan Blora: Mindhik | |
Panggonan asal | Indonésia |
---|---|
Tlatah utawa praja | Jawa |
Woworan pokok | Wiji wit trembesi |
![]() ![]() |