![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/15/Samanea-saman.jpg/640px-Samanea-saman.jpg&w=640&q=50)
Trembesi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Trembesi utawa kihujan, utawa baujan, (Samanea saman (Jacq.) Merr.) minangka tetuwuhan wit-witan gedhé, dhuwur, kanthi tajuk sing amba banget. Tuwuhan iki naté populèr minangka tuwuhan pangayom. Oyodé sing ngambra-ambra ndadèkaké kurang populèr amarga bisa ngrusak dalan lan wangunan ing saubengé. Jeneng Ki Hujan, asalé saka anané banyu sing kerep nètès saka tajuké amarga kemampuan nyerep banyu lemah sing kuwat sarta kotoran saka kéwan tonggèrèt sing manggon ing wit mau.
Sunyata Rikat Ki hujan/trembesi, Klasifikasi ngèlmiah ...
Ki hujan/trembesi | |
---|---|
![]() | |
Ki hujan | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Fabales |
Famili: | Fabaceae |
Subfamili: | Mimosoideae |
Génus: | Samanea |
Spésies: | S. saman |
Jeneng binomial | |
Samanea saman (Jacq.) Merr. | |
Tutup
Tuwuhan iki asal saka Amérika tropis nanging saiki kasebar ing saindhenging laladan tropis. Ing sawatara panggonan malah dianggep ngganggu awit tajuké ngganggu tuwuhan liya kanggo urip.