Mikir kritis ya iku cara mikir manungsa nalika nanggepi wong[1] kanthi cara nganalisis kasunyatan saperlu nggawé pambijèn.[2] Subjèké komplèks, lan ana sawenèh dèfinisi kang béda babagan konsèp iki, kang lumrahé ngrakup analisis rasional, skèptis, ora bias, utawa évaluasi bukti kang sunyata. Pokok isiné wujud mikir kritis iku pamikiran mandhiri, pandhisiplinan, pawawangan, lan korèksi awaké dhéwé.[3] Mikir kritis ancasé kanggo nggolèki pasarujukan marang standar unggul kang ketat lan panganggo kang bener. Bab iki mbutuhaké sesambungan kang éfèktif lan kabisan parampungan prakara sarta kanggo ngadhepi égoséntrisme[4][5] lan étnoséntrisme.
Cathetan paling dhisik babagan pamikiran kritis iku piwulangé Sokratès kang dicathet déning Plato. Cathetané ngemu pérangan pacelathoné Plato. Pacelathoné iku isiné ngenani Sokratès caturan karo siji utawa luwih lawan wicara babagan prakara étika kaya déné pitakonan: apa becik Sokratès mlayu saka pakunjaran.[6] Para filsuf nimbang-nimbang lan mikir pitakonan iki lan olèh dudutan yèn "mlayu saka pakunjaran" bakal nglanggar sakabèhing bab kang dhèwèké ugemi marang bab kang luwih luhur saka dhèwèké dhéwé: ya iku ukum Aténa, lan Sokratès ndhaku kaprungu swara panuntun (wangsit).[6]
Sokratès netepaké kasunyatan yèn sawijining wong ora bisa gegondhèlan karo wong kang "wenang" kanggo ndarbèni kawruh lan wawasan kang becik. Dhèwèké nuduhaké yèn wong bisa nduwé kuwasa lan pangkat dhuwur, nanging bingung lan irasional banget. Sokratès awèh panemu yèn wong kang kapéngin nduwé kauripan kang apik lan patut dilakoni, dhèwèké kudu dadi tukang takon mawa sipat kritis lan jiwa interogatif.[7] Dhèwèké netepaké kaya apa wigatiné ngajokaké pitakonan kang jeru menyang pamikiran sadurungé awaké dhéwé nampa gagasan minangka kaanan kang patut dipitayani.
Sokratès netepaké kaya apa wigatiné "nggolèki bukti, mriksa panalaran lan asumsi kanthi ngati-ati, nganalisis konsèp dhasar, lan nlusuri implikasi ora mung saka apa kang diujaraké, nanging uga saka apa kang ditindakaké".[8] Mètodhe pitakonan iki sapréné aran "Pitakonan Sokratès" lan minangka strategi pamulangan mikir kritis kang paling kawentar. Ing sajroning modhe pitakonané, Sokratès miterang preluné mikir kanggo pawedharan lan konsistènsi logis. Dhèwèké ngajokaké pitakonan marang wong-wong kang ngudhar pamikiran irasional utawa kurangé kawruh kang bisa diandelaké. Sokratès nuduhaké yèn ndarbèni wenang ora njamin kawruh kang akurat. Dhèwèké netepaké mètodhe mitakoni kapitayan, mriksa asumsi kanthi ngati-ati lan ngandelaké bukti lan alesan kang kena ing nalar. Plato nyathet piwulangé Sokratès lan mbacutaké tradhisi mikir kritis. Aristotélès lan skèptis Yunani sabanjuré nyampurnakaké piwulangé Sokratès, nganggo pamikiran sistematis lan ngajokaké pitakonan kanggo mesthèkaké sipat satemené saka babagan kang nyata ing jaba cara bab-bab saka pasawangan saklébatan.[9]
Sokratès netepaké agènda tradhisi mikir kritis, ya iku kanthi cara réflèktif mitakonaké kapitayan lan wedharan umum kanthi ngati-ati mbédakaké kapitayan kang kena ing nalar lan logis karo kurangé bukti kang cukup utawa landhesan rasional kanggo njamin kapitayan.
Mikir kritis diandharaké déning Richard W. Paul minangka obahan (movement) kang dumadi saka rong gelombang (1994).[10] "Gelombang kapisan" mikir kritis kerep ingaran 'analisis kritis' kang cetha, ya iku pamikiran rasional kang nglebokaké kritik. Rerincèné akèh jinisé manut wong-wong kang mènèhi surasa. Miturut Barry K. Beyer (1995), mikir kritis tegesé nggawé pambijèn kang cetha lan nduwé alesan. Sasuwéné prosès mikir kritis, idé-idé kudu nduwé alesan, dipikir kanthi trep, lan dibiji.[11] Dhéwan Nasional AS kanggo Kaunggulan sajroning Mikir Kritis[12] nyurasani yèn mikir kritis minangka "prosès dhisiplin intelèktual kanthi giyat lan prigel ngonsèptualisasiaké, nrapaké, nganalisis, nyintèsis, utawa mbiji katrangan kang diklumpukaké saka–utawa diasilaké déning–pangamatan, pangalaman, réflèksi, panalaran, utawa sesambungan, minangka panuntun kanggo kapitayan lan tindak tanduk."[13]
Sacara padatan
Sacara padatan, mikir kritis nduwé manéka dèfinisi kaya ta:
"Prosès ngonsèptualisasiaké, nrapaké, nganalisis, nyintèsis, lan mbiji katrangan kanthi giyat lan prigel saperlu nggayuh pawangsulan utawa dudutan"[14]
"Pamikiran dhisiplin kang cetha, rasional, mawa pikiran binuka, lan katerangaké karo bukti"[14]
"Pambijèn kanggo tujuan lan nata dhèwèké dhéwé kang ngasilaké interpretasi, analisis, évaluasi, lan dudutan, sarta wedharan babagan pratimbangan bukti, konsèptual, mètodhologis, kriteriaologis, utawa kontèkstual kang dadi dhasaring pambijèn iku."[15]
"Kalebu komitmen kanggo migunakaké akal sajroning parumusan kapitayaning awaké dhéwé"[16]
"Kaprigelan lan kaluwihan kanggo mèlu kagiyatan mawa skèptisisme réflèktif" (McPeck, 1981)[17]
Mikir babagan pamikiraning wong liya kanthi cara nata lan klarifikasi, mundhakaké éfisiènsi, lan nepungi kasalahan lan bias sajroning pamikirané dhéwé. Mikir kritis dudu mikir 'abot', lan uga ora nduwé piguna kanggo ngrampungaké prakara (kajaba 'mundhakaké' pamikirané dhéwé). Mikir kritis karepé kanggo maksimalaké rasionalitas wong kang mikir. Wong ora nganggo pamikiran kritis kanggo ngrampungaké prakara, nanging kanggo mundhakaké prosès mikiré.[18]
"Pambijèné dhedhasar évaluasi analitis kang ngati-ati"[19]
"Mikir kritis iku jinis pola pikir kang mbutuhaké sawiji wong supaya luwih réflèktif, lan nggatèkaké panjupukan kaputusan kang bakal nuntun menyang kapitayan lan tindak tanduké. Mikir kritis nggawé wong ngimpun dudutan mawa luwih akèh logika, mrosès informasi kang canggih lan ndeleng saka sawetara sisih prakara, mula dhèwèké padha bisa ngasilaké dudutan kang luwih solid."[20]
Mikir kritis ndarbèni 7 titikan kritis: péngin ngerti lan péngin weruh, mikir binuka saka sisih kang béda, bisa mikir sistematis, analitis, gigih marang kaleresan, pracaya dhiri bab pamikiran kritisé dhéwé, lan pungkasané, dadi diwasa.[21]
Senajan ta mikir kritis bisa didèfinisikaké ing sawetara cara kang béda, ana pasarujukan umum ing komponèn pokoké — kapénginan kanggo nggayuh asil kang maremaké, lan iki kudu digayuh karo pamikiran rasional lan cara kang bisa ngolèhaké asil. Halpern mikir yèn mikir kritis nyampuraké kabisan kang disinaoni kaya ta parampungan prakara, pétungan, lan patrapan probabilitas kang kasil. Bab iki uga kalebu kacondhongan kanggo nyampuraké prosès mikir. Kang paling anyar, Stanovich mitayani yèn tès IQ modhèren mèh ora bisa ngukur kabisaning mikir kritis.[22]
"Mikir kritis satemené ya iku mitakoni, nantang kawruh lan kawicaksanan kang dirasakaké. Bab iki nganggo idé-idé lan informasi saka posisi objèktif lan tumuli mitakonaké katrangan iki sajroning pangaji-aji awaké dhéwé, solah lan filosofi pribadi."[23]
Sacara panalitèn
Para sarjana pamikir kritis kontèmporèr njembaraké mikir kritis ing sajroning dèfinisi padatan. Bab iki kalebu kuwalitas, konsèp, lan prosès kaya déné kréativitas, angen-angen, panemon, réflèksi, empati, kawruh panghubung, téori fèminis, subjèktivitas, ambiguitas, lan kaora-cethaan. Sawenèh dèfinisi mikir kritis ora nglebokaké praktik subjèktif iki.[24][14]
Déning Ennis
Miturut Ennis, “Mikir kritis iku prosès pandhisiplinan intelèktual kanggo ngonsèptualisasiaké, nrapaké, nganalisis, nyintèsis, lan/utawa mbiji katrangan kang diklumpukaké saka–utawa diasilaké déning–pangamatan, pangalaman, réflèksi, panalaran, utawa sesambungan, minangka panuntun kanggo kapitayan lan tindak tanduk."[25] Dèfinisi Ennis iki disarujuki banget déning Harvey Siegel,[26] Peter Facione,[21] lan Deanna Kuhn.[27]
Miturut dèfinisi Ennis, mikir kritis mbutuhaké akèh kawigatèn lan fungsi utek. Yèn mikir kritis dianggo ing pawiyatan, bab iki bakal mbiyantu uteké para siswa nduwé fungsi luwih apik lan mangertèni tèks kanthi béda.
Bidang piwulang kang béda bokmenawa mbutuhaké jinis pamikiran kritis kang béda. Mikir kritis mènèhi luwih akèh perspèktif ing materi kang padha.
Déning National Council for Excellence in Critical Thinking
Ing taun 1987, ing sajroning prèsentasi ing Annual International Conference on Critical Thinking and Education Reform ka-8, Michael Scriven lan Richard Paul medharaké yèn mikir kritis nglebokaké prosès kang giyat lan kebak kabisan saperlu nggawé konsèp, nrapaké, nganalisis, nyintèsis, lan mawang sawiji prakara kang diolèhaké apadéné diripta saka pangamatan, pangalaman, sesambungan, lan sapanunggalané.[28]
Ana 2 komponèn kang mujudaké kabisan mikir kritis, ya iku:
Kabisan kanggo ngasilaké lan mrosès informasi utawa kapitayan.
Kalumrahan, mawa landhesan komitmen intelèktual.
Déning Edward Glaser
Ing seminar pawiyatan lan pamikiran kritis ing taun 1941, Edward Glaser medhar 3 bab kang mujudaké kabisan mikir kritis.[28]
Pangertèn mikir mawa sipat grapyak ing saben prakara kang bakal teka
Edward M. Glaser. "Defining Critical Thinking". The International Center for the Assessment of Higher Order Thinking (ICAT, AS)/Critical Thinking Community. Dibukak ing 2017-03-22.
Stanlick, Nancy A.; Strawser, Michael J. (2015). Asking Good Questions: Case Studies in Ethics and Critical Thinking. Indianapolis: Hackett Publishing. kc.6. ISBN978-1-58510-755-1.
Chiarini, Andrea; Found, Pauline; Rich, Nicholas (2015). Understanding the Lean Enterprise: Strategies, Methodologies, and Principles for a More Responsive Organization. Cham: Springer. kc.132. ISBN978-3-319-19994-8.
"Book Reviews and Notes: Teaching Thinking Skills: Theory and Practice. Joan Baron and Robert Sternberg. 1987. W.H. Freeman, & Co., New York. 275 pages. Index. ISBN 0-7167-1791-3. Paperback". Bulletin of Science, Technology & Society. 8 (1): 101. Fèbruari 1988. doi:10.1177/0270467688008001113. ISSN0270-4676. S2CID220913799.
Halpern, Diane F. (2006), "The Nature and Nurture of Critical Thinking", ing Sternberg, Robert J; Roediger Iii, Henry L; Halpern, Diane F (èd.), Critical Thinking in Psychology, Cambridge University Press, kc.1–14, doi:10.1017/cbo9780511804632.002, ISBN9780511804632
Dauer, Francis Watanabe. Critical Thinking: An Introduction to Reasoning, 1989, ISBN978-0-19-504884-1
Fisher, Alec and Scriven, Michael. (1997) Critical Thinking: Its Definition and Assessment, Center for Research in Critical Thinking (Inggris)/Edgepress (AS). ISBN0-9531796-0-5
Hamby, B.W. (2007) The Philosophy of Anything: Critical Thinking in Context. Kendall Hunt Publishing Company, Dubuque Iowa. ISBN978-0-7575-4724-9
Vincent F. Hendricks. (2005) Thought 2 Talk: A Crash Course in Reflection and Expression, New York: Automatic Press / VIP. ISBN87-991013-7-8
Levitin, Daniel (2017). A Field Guide to Lies and Statistics. Viking. ISBN978-0241239995. (alias Weaponized Lies: How to Think Critically in the Post-Truth Era)
Moore, Brooke Noel and Parker, Richard. (2012) Critical Thinking. Edisi ke-10. Diterbitkan oleh McGraw-Hill. ISBN0-07-803828-6.
Paul, Richard. (1995) Critical Thinking: How to Prepare Students for a Rapidly Changing World. edisi ke-4. Foundation for Critical Thinking. ISBN0-944583-09-1.
Paul, Richard and Elder, Linda. (2006) Critical Thinking Tools for Taking Charge of Your Learning and Your Life, New Jersey: Prentice Hall Publishing. ISBN0-13-114962-8.
Sagan, Carl. (1995) The Demon-Haunted World: Science As a Candle in the Dark. Ballantine Books. ISBN0-345-40946-9
Theodore Schick & Lewis Vaughn "How to Think About Weird Things: Critical Thinking for a New Age" (2010) ISBN0-7674-2048-9
van den Brink-Budgen, R (2010) 'Critical Thinking for Students', How To Books. ISBN978-1-84528-386-5
Whyte, J. (2003) Bad Thoughts – A Guide to Clear Thinking, Corvo. ISBN0-9543255-3-2.
David Carl Wilson (2020) A Guide to Good Reasoning: Cultivating Intellectual Virtues (2nd edition) University of Minnesota Libraries Ebook ISBN978-1-946135-66-7 Creative Commons Attribution-Non-Commercial 4.0 International License, at https://open.lib.umn.edu/goodreasoning/
Zeigarnik, B.V. (1927). Pada tugas yang sudah selesai dan yang belum selesai. Dalam terjemahan bahasa Inggris. Disunting oleh Willis D. Ellis; dengan pengantar oleh Kurt Koffka. (1997). Sebuah buku sumber psikologi gestalt xiv, hlm. 403: ill.; 22cm Highland, N.Y: Gestalt Journal Press. "Edisi Gestalt Journal Press ini adalah cetak ulang kata demi kata dari buku yang aslinya diterbitkan pada tahun 1938" – T.p. verso. ISBN9780939266302. OCLC38755142
Kompf, M., & Bond, R. (2001). Critical reflection in adult education. In T. Barer-Stein & M. Kompf(Eds.), The craft of teaching adults (hlm.21–38). Toronto, ON: Irwin.
McPeck, J. (1992). Thoughts on subject specificity. In S. Norris (Ed.), The generalizability of critical thinking (hlm.198–205). New York: Teachers College Press.
Paul, R (1982). "Teaching critical thinking in the strong sense: A focus on self-deception, world views and a dialectical mode of analysis". Informal Logic Newsletter. 4 (2): 2–7.