![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/b/bb/Mieke_Amalia.jpg/640px-Mieke_Amalia.jpg&w=640&q=50)
Mieke Amalia
paraga wadon saka Indhonésiya / From Wikipedia, the free encyclopedia
Mieke Amalia (lair ing Bandung, 24 April 1977; umur 46 taun) ya iku modhèl, bintang iklan, komedian, lan aktris kang kondhang ing acara komedi Extravaganza.[1]
Mieke Amalia | |
---|---|
![]() | |
Lair | Mieke Amalia |
Pakaryan | Model, Komedian Pemain filem,Aktris |
Taun aktif | 1995 - sekarang |
Bojo | Hendra Wijaya (bercerai) Tora Sudiro |
Anak | Pernikahan dengan Tora Sudiro: Azzahra Nabila Nayara Kanahaya |
Mieke tau dadi gadis sampul majalah Mode taun 1993 iki, sakiwa-tengené sepuluh taun terakhir iki kerep metu ing médhia céthak lan tivi dadi modhèl iklan.[1] Kaya ta iklan produk pembalut wanita, shampo, obat nyamuk oles, filem, sepeda motor, nganti iklan sandal.[1] Uga tau dai bintang iklan bedak bayi, sabun detergen, lan bumbu masak.[1] Malah kepara saiki kerep metu dadi bintang iklan bank lan susu bubuk.[1] Saiki dhèwèké dikontrak karo "Sunsilk" dadi Miss Nuri.[1]
Mieke uga nyoba main filem garapan sutradara Jose Purnomo kang judhulé Angker Batu (2007).[2] Film iki dibintangi Mieke Bayu Virguna, Nuri Maulida, Susilo Badar, Imelda Therinne, lan Dan Kim.[2]