Metrojet Pamaburan 9268
From Wikipedia, the free encyclopedia
Metrojet Pamaburan 9268 (KGL 9268) utawa Kogalymavia Pamaburan 9268 iku siji pamaburan maskapé Ruslan Metrojet utawa sajatiné Kogalymavia nganggo Airbus A321 saka Sharm el-Sheik, Mesir menyang St. Petersburg, Ruslan ing tanggal 31 Oktober 2015. Montor mabur iki banjur tiba ing Ujung Sinai sisih lor. Pesawat iki nggawa 217 panumpak lan 7 awak kapal, mèh kabèh ndarbèni kawarganagaran Ruslan, kejaba ana wong telu sing ndarbèni kawarganagaran Ukraina. Kabèh tiwas, dadi kurban jiwa cacahé ana 224 wong.
Mawa kurban 224 jiwa,[1] tibané Pamaburan 9268 iki, kalebu sing gedhé dhéwé ing wewengkon Mesir[2] lan uga sing kurbané akèh dhéwé kanggo siji montor mabur Ruslan. Kacilakan iki uga sing parah dhéwé sing magepokan karo siji montor mabur saka séri Airbus A320, lan nganti saiki sing gedhé dhéwé ing taun 2015.[3]