alat musik èlèktronik sing digunakaké kanggo nirukaké swara perkusi From Wikipedia, the free encyclopedia
Mesin drum (Inggris: drum machine) minangka piranti musik elektronik sing bisa nggawé swara kaya drum lan perkusi liyane kanthi pola tartamtu. Piranti iki biasané nduwe kanggonan saperlu rekaman musik jogèt èlèktronik (EDM) saha genre musik liyane. Mesin drum tau dinggo kanggo nggawé lagu pop saka Michael Jackson, ing album Thriller.[1] Mesin iki nduwèni wujud kothak lan nduwé tunyukan keypad kanggo mrogram kaya ta nggawé ritme lan beat. Mesin drum ngasilaké swara saka nggunakaké sintesis utawa muter sampel kasil saka rekaman. Mesin drum asring digunakaké kanggo lagu populer nganti awal taun 2000-an, nalika piranti alus kaya ta DAW luwih lumrah digunakna. Senajan mengkono, mesin drum isih lumrah digunakake nganti saiki, utamané ing musik èlèktronik kaya ta hip-hop.
Ing awal taun 1930-an, Henry Cowell lan Léon Theremin ngembangna Rhythmicon, inovasi sing dadi cikal bakalé mesin drum.[2] Pirang-pirang produk liya digawé sakwisé, nanging owahan gedhé kedadèyan ing taun 1980, saka munculé Linn LM-1, mesin drum kapisan sing gunakaké swara sampel digital, saha nduwèni fitur-fitur revolusioner ing wayah semana. Linn LM-1 wis digunakake karo pirang-pirang musisi 80-an, kaya dèné Michael Jackson, Prince, lan Phil Collins, malah saiki mung ana 500 LM-1 ing donya saingga angel digolèk.[3]
Amèh bareng karo munculé Linn LM-1, yakuwi Roland TR-808 sing digawé karo Roland Corporation ing taun 1980 nganti 1982.[4] Bèda karo LM-1, sing nggunakaké sampel digital, TR-808 malah ngasilaké swara drum analog sing blas ora kaya swara drum asli. Awal-awalé TR-808 dianggep barang gagal. Nanging nalika musik hip-hop lan èlèktronik lair, para seniman lan produser nggunakaké menèh swara TR-808. Nganti saiki, TR-808 isih digunakaké ing genre musik èlèktronik.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.