Melamina
From Wikipedia, the free encyclopedia
Melamina[2] iku senyawa basa organik kanthi rumus kimia C3H6N6 lan duwé jeneng IUPAC 1,3,5-triazina-2,4,6-triamina. Melamina mung sethithik larut ing banyu.
- Artikel iki ngenani senyawa kimia sing jenengé melamina. Istilah "melamina" uga dipigunakaké kanggo ngrujuk marang resin melamina, ya iku plastik sing digawé saka melamina lan formaldehida. Bedakna uga karo melanin, pigmen sing tinemu ing kulit lan rambut.
Katerangan liyané Identifikasi, Sifat ...
Melamina[1] | |
---|---|
Jeneng Sistematis | 1,3,5-Triazina-2,4,6-triamina |
Jeneng liya | Sianurotriamida Sianurotriamina Sianuramida |
Identifikasi | |
Nomor CAS | [108-78-1] |
PubChem | 7955 |
SMILES | Nc1nc(N)nc(N)n1 |
Sifat | |
Rumus molekul | C3H6N6 |
Massa molar | 126,12 g/mol |
Panampilan | Putih padhet |
Densitas | 1574 kg/m3 |
Titik leleh |
350 °C, 623 K, 662 °F |
Titik umob |
Menyublim |
Kelarutan dalam air | 3,1 g/l (20 °C) |
Kajaba dinyatakaké suwaliké, data ing dhuwur lumaku ing kaanan standar (25 °C, 100 kPa) |
Tutup
Melamina iku trimer saka sianamida, lan kaya déné sianamida, melamina ngandhut 66% nitrogen (miturut massa). Melamina minangka metabolit saka siromazina, sajinis pestisida. Melamina kadhapur sajeroning tubuh mamalia sing ngonsumsi siromazina.[3] Dilapuraké uga siromazina diowahi dadi melamina sajeroning tetuwuhan.[4][5]