Masjidil Aksa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Masjidil Aqsa (basa Arab: المسجد الاقصى, teges wantah: "masjid paling adoh") iku salah siji wangunan kang dadi péranganing komplèk wangunan suci ing Kutha lawas Yerusalem (Yerusalem Wétan) kang misuwur kanthi jeneng Al-Haram asy-Syarif kanggoné umat Islam lan kanthi jeneng Har Ha-Bayit (Gunung Baitallah, Temple Mount) kanggoné umat Yahudi lan Nasrani.
Masjidil Aksa | |
---|---|
Informasi umum | |
Prenah | Al-Karam asy-Syarif, Yerusalem |
Koordhinat géografi | koordinat 31°46'35N 35°14'8E |
Afiliasi agama | Islam |
Distrik | Kutha lawas Yerusalem |
Status | Masjid |
Kepemimpinan | Wakaf |
Deskripsi arsitektur | |
Jinis arsitèktur | Masjid |
Gaya arsitektur | Islam wiwitan |
Yasa pratama simbulis | 685 CE (Konstruksi Pisanan) 1033 CE (Konstruksi Kapindho) |
Taun rampung | 705 CE (Konstruksi Pisanan) 1035 CE (Konstruksi Kapindho) |
Spesifikasi | |
Arah fasad | lor |
Kapasitas | 5,000 (jero); 400,000 (jaba)[1] |
Dawa | 83 meter (272 kaki) |
Amba | 56 meter (184 kaki) |
Kubah | 1 |
Menara | 4 |
Dhuwuré menara | 37 meter (121 kaki) |
Bahan | Limestone (external walls, minaret, facade) stalactite (minaret), lead (dome), white marble (interior columns) |
Literatur Muslim (al-Quran karim) nyatakaké yèn Kanjeng Nabi Muhammad diangkat menyang Sidratul Muntaha saka lokasi iki ing taun 621 Masèhi, ndadèkaké mesjid iki minangka panggonan suci kanggoné umat Islam (pirsani Isra' Mi'raj.)
Masjidil Aksa kang biyèné diarani Baitul Maqdis, minangka kéblat salat umat Islam kang sepisanan sadurungé dialihaké menyang Kakbah ing sajeroning Masjidil Karam. Umat Muslim ngadhep kéblat menyang Baitul Makdis sajeroning Kanjeng Nabi ngajaraké Islam ing Mekah (13 taun) nganti 17 wulan sawisé ijrah menyang Madinah. Sawisé iku kéblat salat dadi Kakbah ing jero Masjidil Karam, Mekah nganti saiki.
Masjidil Aksa wektu iki wujud masjid kang diwangun kanthi permanèn déning Khalifah Abdul Malik bin Marwan saka Kekhalifahan Umayyah (Dhinasti Bani Umayyah) ing taun 66 H lan rampung taun 73 H. Rada béda karo pangertèn Masjidil Aksa sajeroning prastawa Israk Mékrad (Kuran Surat Al Israa’:1) ya iku nyakup kabèh kawasan Al-Karam asy-Syarif.
Kobongan Masjidil Aksa tanggal 21 Agustus 1969 wis nyurung madegé Organisasi Konferensi Islam kang wektu iki anggotané ana 57 nagara. Pangobongan mau uga njalari sawijining mimbar kuna kang jenengé "Shalahuddin Al-Ayyubi" kobong nganti entèk. Wangsa Bani Hasyim, panguwasa praja Yordania wis ngganti nganggo mimbar gawéan Jepara, Indonésia[2][3] . Kulawarga Bani Hasyim, kang isih sinambung marang kanjeng Nabi Muhammad Saw. miturut tradhisi minangka kulawarga kang tanggungjawab njaga papan panggonan suci Islam ing kawasan mau.