![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/1/13/Samping_Masjid_Suriansyah.jpg/640px-Samping_Masjid_Suriansyah.jpg&w=640&q=50)
Masjid Sultan Suriansyah
From Wikipedia, the free encyclopedia
Masjid Sultan Suriansyah utawi Masjid Kuin inggih punika masjid bersejarah ingkang kalebet masjid paling sepuh wonten ing Kalimantan Kidul.[1] Masjid punika dipunyasa ing mangsa papréntahan Sultan Suriansyah (1526-1550), raja Banjar kapisan ingkang ngrasuk agama Islam.[1] Masjid Kuin punika kalebet salah satunggalipun saking tiga masjid paling sepuh ingkang wonten ing Banjarmasin ing mangsa papréntahan Mufti Jamaluddin (Mufti Banjarmasin), masjid ingkang sanèsipun inggih punika Masjid Gedhé (Masjid Jami) lan Masjid Basirih.[1] Wujud arsitekturipun kados konstruksi panggung lan dhuwuré tumpang, ingkang kalebet masjid ingkang wujudipun tradhisional Banjar.[2] Masjid ingkang wujud tradhisional Banjar punika wonten ing pérangan mihrab gadhah atap piyambak lan pisah kaliyan yasan induk.[2] Masjid punika dipundamel wonten ing pinggir lepen Lepen Kuin.[2]
Masjid Sultan Suriansyah | |
---|---|
![]() Masjid Sultan Suriansyah | |
Informasi umum | |
Prenah | Kalimantan Kidul, Indonésia |
Afiliasi agama | Islam |
Deskripsi arsitektur | |
Jinis arsitèktur | Masjid |