![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/25/Tokyo_Camii_2009.jpg/640px-Tokyo_Camii_2009.jpg&w=640&q=50)
Masjid Camii Tokyo
From Wikipedia, the free encyclopedia
Masjid Camii Tokyo, Tōkyō-jāmii (東京ジャーミイ, Tōkyō-jāmii?) uga karan Masjid Tokyo, punika masjid kang dibangun wonten kompleks Pusat Kabudayan Turki ing Ōyama-chō, Shibuya-ku, Tokyo, Jepang. Masjid iki kalebu masjid paling gedhé ing Jepang. Masjid iki dibangun bebarengan karo sekolah ing tanggal 12 Mei 1938 déning wong Bashkir lan Tatar kang ngungsi menyang Jepang sawisé Revolusi Oktober. Pambangunané diawasi karo Abdürreşid Ibrahim (imam kapisan masjid) lan Abdülhay Nikolay Ali.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/25/Tokyo_Camii_2009.jpg/640px-Tokyo_Camii_2009.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/7/70/Inside_Tokyo_Camii_windows_roof_Dec_2015.jpg/640px-Inside_Tokyo_Camii_windows_roof_Dec_2015.jpg)
Ing taun 1986, masjid kasebut kudu dibongkar amargi karusakan struktural kang gedhé. Kanthi arahan lan sengkuyungan saka Türkiye Cumhuriyeti Diyanet Işleri Başkanlığı (Kamantrian Agama Republik Turki), pambangunan wangunan anyar dipunwiwiti ing taun 1998.[2] Arsitek pambangunan ya iku Muharrem Hilmi Senalp. Arsitektur masjid digawé adhedasar gaya ottoman, mula wujudé masjid arep madani masjid ing Turki. Watara pitung puluh tukang saka Turki ngurus masalah finishing, lan mayoritas bahan baku marmer ditekaké saka Turki. Pambangunan masjid iki rampung ing taun 2000 kanthi biaya kira-kira 1,5 milyar yen. Paresmian dianakaké ing tanggal 30 Juni 2000.[3]
Tokyo Camii punika ngadek ing lemah kang jembaré 734 meter persegi lan nduweni petang lantai (telung lantai nduwur lan siji lantai basement) kanthi jembar total 1.477 meter persegi. Kubah utama dhuwuré 23,25 mèter lan enem cagak utama, saben-saben cagak dhuwuré 41,48 metèr.[4]