Masjid Agung Demak punika salah satunggaling masjid ingkang paling sepuh ing Indonésia. Masjid punika mapan wonten ing tengah kutha Demak, leresipun dhusun Kauman, Demak, Jawi Tengah. Masjid punika dipunpitadosaken naté dados panggénan kempal para ulama (wali) panyebar agami IslamIslam, ingkang kasebat Walisanga, kanggé ngrembag panyebaran agami Islam ing Tanah Jawi lan IndonesiaIndonesia. Miturut Babad Demak, Masjid Agung Demak madegipun taun 1399 Saka 477M, ingkang dipunpratandhani kanthi Candrasengkala ingkang ungelipun Lawang Terus Gunaning Janmi. Ing pérangan sanèsipun inggih punika ing mihrab masjid wonten gambar bulus, (ing basa latinipun kasebat Trionyx cartilagineus) lan dados perlambang taun 1401 Saka (1479 M). Wangunan ingkang dipundamel saking kajeng jati, ukuran 31 x 31 m. Lan serambinipun gadhah ukuran inggih punika wiyaripun 31 x 15 m lan kapérang dados sekawan (4) saka (cagak), ingkang kadamel saking kajeng lan asring kasebat Saka Guru. Payonipun kapérang dados tigang undhakan inggih punika ndadosaké perlambang Iman , Islam , kaliyan IhsanIhsan. Kori (lawang/senthong) ingkang cacahipun gangsal (5) nglambangaken gangsal rukun Islam lan cendhélanipun ingkang cacah ganep enem (enem) nglambangaken rukun iman.

Sunyata Rikat Informasi umum, Prenah ...
Masjid Agung Demak
Thumb
Masjid Agung Demak
Informasi umum
PrenahDésa Kauman
Demak, Jawa Tengah, Indonesia
Afiliasi agamaIslam
Deskripsi arsitektur
Jinis arsitèkturMasjid
Gaya arsitekturArt Nouveau
Tutup

Arsitèktur

Masjid punika gadhah yasan-yasan indhuk lan serambi. Wangunan indhuk gadhah sekawan saka utami ingkang dipunsebat saka guru. Saka punika cariyosipun kadamel saking tatalan - tatalan kajeng, pramila dipunwastani 'saka tatal' Wangunan serambi minangka yasan kabuka. Payonipun awangun limas ingkang dipuntopang déning wolu saka ingkang dipunsebat Saka Majapait. Wonten ing salebeting lokasi komplèks Masjid Agung Demak, wonten sawatawis makam raja-raja Kasultanan Demak lan para abdi. Ugi wonten satunggaling musiyum, ingkang isi manéka kolèksi ingkang magepokan kaliyan riwayat madegipun Masjid Agung Demak.

Senaos sampun naté dipunrénovasi sawatawis nanging dipunpercanten manawi kanthi umum taksih wetah wujud aslinipun.[1] Masjid punika wujud tuladha klasik wangun masjid tradhisional Jawi. Bènten kaliyan masjid-masjid ingkang wonten ing Wétan Tengah masjid punika kadamel saking kajeng. Payonipun boten awujud kubah (ingkang dèrèng katingal ing masjid-masjid Indonésia ngantos abad kaping-19).[1]

Rujukan

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.