![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/8c/Mario_Balotelli_OM_%2528cropped%2529.jpg/640px-Mario_Balotelli_OM_%2528cropped%2529.jpg&w=640&q=50)
Mario Balotelli
sawijining pamain bal-balan Italia / From Wikipedia, the free encyclopedia
Mario Barwuah Balotelli iku sawijining juru main bal-balan Italia katurunan Ghana. Dhèwêké main minangka panyerang kanggo Manchester City lan timnas Italia. Dhèwèké miwiti kariré ing Lumezzano lan tau main kanggo tim iki ping loro. Sawisé iku Mario tau nyoba ing FC Barcelona nanging ora suksès. Banjur Mario nggabung karo Internazionale ing taun 2007. Kariré nalika ing Inter Milan dianggep cukup apik déning pelatihé nalika semana yaiku Roberto Mancini, senadyan Mancini wis pindhah menyang Manchester City, Balotelli tetep digondhèli déning pelatih anyaré Inter yakuwi Jose Mourinho. Lagi ing musim candhaké yaiku musim 2010-11 Mancini péngin gunakaké jasané Balotelli lan jaluk manajemen The Sky Blues supaya nuku Balotelli.
![]() Balotelli nalika main ing Olympique Marseille. | |||
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Mario Barwuah Balotelli[1] | ||
Dhuwur | 1,88 mèter[2] | ||
Posisi main | Panyerang[3] | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Brescia Calcio | ||
Angka | 45 | ||
Karir nom | |||
2001–2005 | Lumezzane | ||
2006–2007 | Internazionale | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2005–2006 | Lumezzane | 2 | (0) |
2007–2010 | Internazionale | 59 | (20) |
2010–2012 | Manchester City | 40 | (19) |
2012-2014 | A.C. Milan | 43 | (26) |
2014-2015 | Liverpool | 16 | (1) |
2015-2017 | A.C. MIlan | 20 | (1) |
2017-2018 | OGC Nice | 61 | (22) |
2018-2019 | Marseille | 15 | (8) |
2019-saiki | Brescia | 19 | (5) |
Tim nasional‡ | |||
2008–2010 | Italia U21 | 16 | (6) |
2010–2018 | Italia | 9 | (1) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 22 Nopèmber 2020. |