Mancing
From Wikipedia, the free encyclopedia
Mancing ya iku kagiyatan kanggo nyekel iwak. Mancing uga kena dadi pagawéyan, hobi, ulah raga kang manggon ing jaba ruangan utawa diarani outdoor, kagiyatan ing pinggir telaga, sagara, utawa kali lan tlatah banyu liyané.[1] Mancing duwé ancas supaya bisa ngéntukaké iwak nganggo piranti pancing.[1] Mancing lumrahé nggunakaké piranti kang diarani pancing.[1] Pancing duwé mata pancing kanggo nyekel iwak.[1] Mata pancing manggon ing pucuk tali pancing, mata pancing dadi panggonan kanggo nyèlèhaké umpan kang bakalé dipangan iwak.[1] Nanging ing praktèké, asil buron kang dipancing ora mung iwak nanging uga ana kagiyatan mancing kanggo mancing kodhok, penyu, iwak, iwak nus, gurita lan iwak paus.[1] Mancing iwak bisa dibédakaké miturut asil pancingané.[1]
- Mancing iwak kang ana ing sagara
- Mancing iwak ing banyu tawa
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/5/5d/John_George_Brown_-_Waiting_for_a_Bite%2C_Central_Park.jpg/640px-John_George_Brown_-_Waiting_for_a_Bite%2C_Central_Park.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f3/%D8%B5%D9%8A%D8%A7%D8%AF_%D8%A7%D9%84%D9%82%D9%84%D8%B9%D9%87.jpg/640px-%D8%B5%D9%8A%D8%A7%D8%AF_%D8%A7%D9%84%D9%82%D9%84%D8%B9%D9%87.jpg)
Mancing kalebu salah siji tèhnik kanggo nyekel iwak, saliyané mancing isih akèh tèhnik liyané kanggo nyekel utawa golèk iwak.[1] Kaya ta nganggo jaring, jala, nganggo setrum, nganggo bom iwak lan liya-liyané.[1] Nanging cara nyekel iwak nganggo pukat harimau, setrum lan racun lumrahé dilarang nagara, awit cara mau, bakal ngrusak karang lan iwak kang isih cilik kang uga mèlu mati.[1]