Madrasah tsanawiyah
From Wikipedia, the free encyclopedia
Madrasah tsanawiyah (dicekak MTs) iku jenjang dhasar sajeroning pendhidhikan formal ing Indonésia, sadrajad karo sekolah menengah pertama, sing dikelola déning Departemen Agama. Pendhidhikan madrasah tsanawiyah ditempuh ing dalem 3 taun, wiwit kelas 7 nganti kelas 9.
ꦗꦮ |
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |
Artikel iki arupa bagéyan saka sèri Pendhidhikan ing Indonésia | |
Pendidikan anak usia dini | |
---|---|
Taman kanak-kanak | |
Pendhidhikan dhasar (Kelas 1-6) | |
Pendhidhikan dhasar (Kelas 7-9) | |
Sekolah menengah pertama | |
Pendhidhikan menengah (Kelas 10-12) | |
Sekolah menengah atas/kejuruan | |
Pendhidhikan dhuwur | |
Perguruan tinggi |
Murid kelas 9 diwajibaké mèlu Ujian Nasional (biyèn Ebtanas) siing mrebawani marang kalulusan siswa. Lulusan MTs bisa nerusaké pendhidhikan menyang madrasah aliyah utawa sekolah menengah atas/sekolah menengah kejuruan.
Kurikulum madrasah tsanawiyah padha karo kurikulum sekolah menengah pertama, mung ing MTs ana porsi luwih akèh ngenani pendhidhikan agama Islam, upamané mata wulangan Basa Arab, Al Qur'an-Hadits, Fiqih, Aqidah Akhlaq, lan Sajarah Kabudayan Islam.
Pelajar madrasah tsanawiyah lumrahé umur 13-15 taun. Ing Indonesia, saben warga nagara umur 7-15 taun wajib mèlu pendhidhikan dhasar, ya iku sekolah dhasar (utawa sadrajad) 6 taun lan sekolah menengah pertama (utawa sadrajad) 3 taun.