Lynn Hill
From Wikipedia, the free encyclopedia
Carolynn Marie Hill utawa Lynn Hill (lair ing Detroit, Michigan, Amérika Sarékat, 3 Januari 1961), ya iku salah sawijining atlit munggah tebing kang kondhang saka Amérika Sarékat.[1] Lynn Hill uga dadi salah sawijining atlit wadon kang suksès amarga dhèwèké dadi atlit munggah tebing kang paling apik ing donya. Lynn Hill wiwit kondhang amarga dhèwèké tau nglakokaké munggah tebing bébas kapisan kang médané angèl ing Lembah Yosemite, Amérika Sarékat. Dhèwèké nglakokaké kagiyatan kuwi kurang saka wektu 24 jam. Amarga saka kagiyatan kang dilakokaké déning dhèwèké kuwi mau, Lynn Hill dadi atlit munggah tebing kang kondhang lan paling apik ing Amérika Sarékat lan ing donya.[2]